KHUTBAH BAHASA JAWA AKHIR RAMADHAN


KHUTBAH AKHIR BULAN RAMADHAN

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَڪَاتُهُ

اَلْحَمْدُ لِلّٰهِ الَّذِى اَرْسَلَ رَسُوْلَهٗ بِالْهُدٰى وَدِيْنِ الْحَقِّ لِيُظْهِرَهٗ عَلَى الدِّيْنِ كُلِّهٖ وَلَوْكَرِهَ الْمُشْرِكُوْنَ.اَشْهَدُ اَنْ لَّااِلٰهَ اِلاَّ اللهُ وَحْدَهٗ لَاشَرِيْكَ لَهٗ يَعْلَمُ خَائِنَةَ اْلاَعْيُنِ. وَاَشْهَدُاَنَّ مُحَمَّدًاعَبْدُهٗ وَرَسُوْلُهٗ يَفُوْزُبِطَاعَتِهِ الْمُطِيْعُوْنَ. اَللّٰهُمَّ صَلِّ وَسَلِّمْ وَبَارِكْ عَلٰى سَيِّدِنَامُحَمَّدٍ وَّعَلٰى اٰلِهٖ وَصَحْبِهٖ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِاِحْسَانٍ اِلٰى يَوْمٍ يُّبْعَثُوْنَ. اَمَّابَعْدُ. 

فَيَااَيُّهَاالْحَاضِرُوْنَ، اُوْصِيْكُمْ وَنَفْسِى بِتَقْوَى اللهِ فِى كُلِّ وَقْتٍ وَّشَأْنٍ لَّعَلَّكُمْ تُفْلِحُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ، اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : ي أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ

Kaum muslimin jama’ah jum’ah   rahimakumullah !

Menawi kita kersa menggalih kanthi saestu, bilih sedaya ingkang gumelar wonten ing donya punika, ingkang arupi bumi langit sak isinipun, dipun cipta-aken dining Allah swt.., sedaya kangge kebetahanipun para manungsa, kalebet kula lan panjenengan sami.

Mila sumangga kita syukuri, kita matur suwun dumateng Allah Ta’ala kanthi ningkataken anggen kita taqwa dumateng Panjenenganipun. Sebab taqwallah punika minangka sangu ingkang paling sae kangge sowan wonten ngarsanipun Allah swt. Kasebat wonten Al Qur’an :

وَتَزَوَّدُوْا فَإِنَّ خَيْرَ الزَّادِ التَّقْوَى وَاتَّقُوْنِ يَا أُولِى اْلأَلْبَابِ . البقرة : ١٩٧

“Lan pada sanguo sira kabeh, mangka sak temene sangu kang luwih bagus yaiku taqwa”. Pada taqwao marang Ingsun he wong kang duweni akal.(QS.Al-Baqarah : 197)

Kaum muslimin jama’ah jum’ah   rahimakumullah !

Jum’at dinten punika minangka jum’at terakhir wonten wulan Ramadhan, ingkang berarti wulan Ramadhan ingkang agung sampun meh telas. Mila saking punika wonten 2 perkawis ingkang perlu kita perhatosaken : Sepindah :Kados pundi caranipun kita mengeti lebaran ‘Idul Fithri. Kaping kalih : Semangat beribadah wonten wulan Ramadhan perlu sanget kita terusaken.

Dene caranipun kita mengeti ‘idul fithri ing antawisipun inggih punika :

*Setunggal : Kagem tiyang ingkang mampu kedah bayar zakat fitrah. Sebab bayar zakat fitrah punika hukumipun wajib kagem tiyang ingkang mampu, inggih punika tiyang ingkang anggadahi keluwihan bahan makanan pokok kangge piyambak ipun lan keluarga ingkang dados tanggunganipun selami sedinten sedalu. Dene hikmahipun zakat fitrah kagem nyucine lan ngresiki tiyang ingkang shiyam saking tumindak sia-sia lan pangandikan ingkang boten sae lan ugi kagem maringi dhaharan dumateng tiyang fakir lan miskin. Rasulullah saw. dhawuh :

عَنْ اِبْنِ عَبَّاسٍ قَالَ : فَرَضَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى  اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ زَكَاةَالْفِطْرِ طُهْرَةٌ لِلصَّائِمِ مِنَ اللَّغْوِ وَالرَّفَثِ وَطُعْمَةٌ لِلْمَسَاكِيْنِ. رواه ابو داود وابن ماجه

”Saking Ibnu Abbas piyambakipun ngendika : Rasulullah saw, wus majibake zakat fitrah kangge nyucini wong poso sangka tumindak kang sia-sia lan pangandikan kang kotor lan paring daharan marang wong-wong miskin: (HR. Abu Dawud & Ibnu Majah)

*Kaping kalih : Ngathah-ngathahaken maos takbir, tahlil lan tahmid wiwit saking suruping surya tanggal 1 Syawal ngantos shalat Idul Fitri. Allah swt.dhawuh :

…وَلِتُكْمِلُوا الْعِدَّةَ وَلِتُكَبِّرُوا اللهَ عَلَى مَا هَدَاكُمْ وَلَعَلَّكُمْ تَشْكُرُوْنَ . البقرة : ١٨٥

“Lan supaya sira kabeh nyukupake wilangane lan ngegungake Allah (kanti maos takbir) ing atasi pituduh kang wus diparingake marang sira, supaya sira kabeh pada syukur (QS. Al Baqarah : 185)

*Kaping tigo : Nggesangaken malam ‘idul fithri kanthi shalat-shalat sunat. Rasulullah saw. dhawuh :

عَنْ أَبِى أُمَامَةَ عَنِ النَّبِىِّ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَمَ قَالَ: مَنْ قَامَ لَيْلَتَىِ الْعِيدَيْنِ لِلّٰهِ مُحْتَسِبًا لَمْ يَمُتْ قَلْبُهُ يَوْمَ تَمُوْتُ الْقُلُوبُ . رواه ابن ماجه

“Saking Abu Umamah, saking Nabi shallallahu ‘alaihi wa sallam, Panjenenganipun dhawuh :  Sing sopo wonge shalat ono malem ‘idul fithri lan ‘idul adha karono Allah lan ngarep-ngarep ganjaran songko ngersane Allah, mongko atine wong mau ora bakal mati nalika sekabehane ati podo mati” (HR. Ibnu Majah).

*Kaping sekawan : Ing injingipun tanggal setunggal wulan  Syawal nindak-aken shalat Idul Fithri. Sak derengipun budal dateng panggenan shalat dipun sunahaken :

  1. Sunah mandi kramas, langkung sae menawi ngagem sampo wangi
  2. Sunah ngagem pakaian ingkang paling sae ingkang dipun miliki
  3. Sunah ngagem wewangian ingkang paling sae ingkang dipun miliki
  4. Sunah makan pagi (sarapan) sak derengipun budal
  5. Sunah antawisipun budal lan kondor marginipun benten
  6. Sunah ngatah-ngatahaken maos takbir.
  7. Saling maaf memaafkan, ngapura ing ngapura antawis satunggal lan setunggalipun. Sebab dosa antara manungsa dereng saget dipun ngapunten deneng Allah menawi dereng saling maaf memaafkan. Menawi dosa kaliyan Allah saget dipun ngapunten kanthi lantaran taubat, maos istighfar, shalat wonten malem lailatul qodar lan shiyam Ramadhan. Rasulullah saw. ngendika :

.مَنْ قَامَ لَيْلَةَ الْقَدْرِ اِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَلَهٗ مَاتَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهٖ وَمَنْ صَامَ رَمَضَانَ اِيْمَانًا وَاحْتِسَابًا غُفِرَ لَهٗ مَاتَقَدَّمَ مِنْ ذَنْبِهٖ . رواه البخارى

“Sing sopo wonge shalat ono malem lailatul qadar kanthi iman lan ngarep-arep ridhane Allah, mangka dingapuro dosane kang wis kliwat. Lan sing sopo wonge pasa Ramadhan kanthi iman lan ngarep-arep ridhane Allah, mangka dingapuro dosane kang wus kliwat. (HR. Bukhori).

Wosipun : Menawi kita sampun nglampahi shiyam Ramadhan, dalunipun nglampahi shalat terawih ugi shalat pada malem lailatul qadar kanthi iman lan ngarep-arep ridhanipun Allah lan dipun terusaken saling maaf memaafkan antawisipun sesami kita, Insya Allah kita saget ‘idul fithri, wangsul dateng kesucian kados dene bayi ingkang nembe lahir saking guwa garbaning ibu. Mugi-mugi kita sedaya saget idul fitri / kembali kepada kesucian mboten anggadhahi dosa. Amin.

Silaturrahmi antawisipun setunggal lan setunggalipun ingkang pernah enem sowan dateng ingkang sampun sepuh. Lan lewat silaturrahmi kita tebaraken ucapan salam, saling doa-aken supados pikantuk keselametan, rahmat lan berkahipun Allah kanthi ucapan :          اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَڪَاتُهُ

Jelasipun ucapan kulo nuwun dipun gantos ucapan salam kados ingkang dipun ajaraken dening Rasulullah Muhammad saw.

Kaum muslimin jama’ah jum’ah   rahimakumullah !

Sak sampunipun kita mengeti idul fitri kanthi sae, ingkang langkung penting malih inggih punika semangat beribadah selami wulan Ramadhan perlu kita terusaken mulai wulan syawal saat meniko. Wonten wulan Ramadhan syetan-syetan dipun belenggu, kejawi saking punika wonten setunggaling malam ingkang langkung sae kangge ibadah katimbang sewu wulan, ugi dipun tikel-tikelaken ganjaranipun beribadah wonten wulan Ramadhan. Mila para kaum muslimin sami bersemangat anggenipun ibadah dateng Allah swt. Shalat jamaahipun mempeng, shalat tarawihipun komplet, tadarusipun begitu bersemangat, ugi ibadah sanesipun.

Kaum muslimin jama’ah jum’ah   rahimakumullah !

Kawontenan ingkang kados mekaten punika perlu kita terusaken. Semangat beribadah ingkang kados mekaten punika perlu kita lajengaken. Sejatosipun sak lintunipun wulan Ramadhan kathah dhawuhipun Rasulullah ingkang maringi semangat dateng kita kangge beribadah, kados dhawuhipun Rasulullah saw :

فَعَنْ عُثْمَانَ بْنِ عَفَّانَ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ سَمِعْتُ رَسُوْلَ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ يَقُوْلُ : مَنْ صَلَّى الْعِشَآءَ فِى جَمَاعَةٍ فَكَأَنَّمَا قَامَ نِصْفَ اللَّيْلِ وَمَنْ صَلَّى الصُّبْحَ فِى جَمَاعَةٍ فَكَأَنَّمَا صَلَّى اللَّيْلَ كُلَّهٗ . رواه مسلم

“Usman bin Affan nate  ngendika : “Aku mireng Rasulullah saw dhawuh : “Sing sopo wonge shalat isya’ kelawan berjama’ah, mongko koyo-koyo dheweke shalat separo bengi. Lan sing sopo wonge shalat shubuh kelawan berjamaah, mangka koyo-koyo dheweke shalat sewengi muput. (HR. Muslim)

Mila punika hadirin, semangat beribadah ingkang sampun tumanem wonten jiwa kita punika perlu kita lestantunaken. Kita sampun ngantos dipun kalahaken kalian perkara repot, sebab repot boten wonten telasipun. Kita sampun ngantos dipun kalahaken kalian awak kesel, mainan hp / internet. lan acara televisi, sebab awak kesel, mainan hp / internet lan acara TV boten wonten telasipun.

Kaum muslimin jama’ah jum’ah   rahimakumullah !

Akhiripun mugi-mugi Allah swt.paring hidayah lan kekiyatan dateng kita, sahingga kita saget nerusaken semangat beribadah kados wonten wulan Ramadhan lan kita kalebet golonganipun tiyang-tiyang taqwa. Amin.

اَعُوْذُبِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ : يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا كُتِبَ عَلَيْكُمُ الصِّيَامُ كَمَا كُتِبَ عَلَى الَّذِيْنَ مِنْ قَبْلِكُمْ لَعَلَّكُمْ تَتَّقُوْنَ . بَارَكَ اللهُ لٖى وَلَكُمْ فِى الْقُرْاٰنِ الْكَرِيْمِ وَنَفَعَنٖى وَاِيَاكُمْ بِتِلَاوَتِهٖ إِنَهٗ هُوَالتَّوَّابُ الرَّحِيْمُ. وَقُلْ رَّبِّ اغْفِرْ وَارْحَمْ وَاَنْتَ خَيْرُ الرَّاحِمِيْن

Penulis : Drs. H. Ahmad Mujiono