KHUTBAH FADHILAH DZIKIR


KHUTBAH FADHILAH DZIKIR

اَلسَّلَامُ عَلَيْكُمْ وَرَحْمَةُ اللهِ وَبَرَڪَاتُهُ

إِنَّ الْحَمْدَ ِللهِ نَحْمَدُهُ وَنَسْتَعِيْنُهُ وَنَسْتَغْفِرُهُ وَنَعُوْذُ بِاللهِ مِنْ شُرُوْرِ أَنْفُسِنَا وَسَيِّئَاتِ أَعْمَالِنَا مَنْ يَهْدِهِ اللهُ فَلَا مُضِلَّ لَهُ وَمَنْ يُضْلِلْ فَلَا هَادِيَ لَهُ أَشْهَدُ أَنْ لَّا إِلٰهَ إِلَّا اللهُ وَأَشْهَدُ أَنّ مُحَمّدًا عَبْدُهُ وَرَسُوْلُهُ اَللّٰهُمّ صَلِّ وَسَلِّمْ عَلَى سَيِّدِنَا مُحَمَّدٍ وَعَلَى اٰلِهِ وَأَصْحَابِهٖ وَمَنْ تَبِعَهُمْ بِإِحْسَانٍ إِلَى يَوْمِ الدِّيْنِ. يَاأَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اتّقُوا اللهَ حَقّ تُقَاتِهٖ وَلَا تَمُوْتُنَّ إِلَّا وَأَنْتُمْ مُسْلِمُوْنَ. قَالَ اللهُ تَعَالَى فِى كِتَابِهِ الْكَرِيْمِ اَعُوْذُ بِاللهِ مِنَ الشَّيْطَانِ الرَّجِيْمِ. يَا أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اذْكُرُوا اللهَ ذِكْرًا كَثِيْرًا. وَسَبِّحُوْهُ بُكْرَةً وَّأَصِيْلًا (الاحزاب : ٤١-٤٢)

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah !

Wonten kesempatan ingkang sae menika kawula ngajak dumateng panjenengan sami, sumonggo mumpung taksih sehat lan sempat kita budidaya amrih soyo ningkatipun anggen kita taqwa dhumateng Allah swt. kanthi nambah anggen kita ngibadah dumateng Panjenenganipun. Punopo ingkang dados perintahipun kita amalaken lan punopo ingkang dados larangipun kita tebihi. Kanthi mekaten mugi-mugi kita saget wilujeng begjo fiddunya wal akhirah.

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah !

Salah setunggaling perintahing Allah inggih punika ngathah-ngathaken dzikrullah kanthi nyebut asmanipun Allah. Allah swt. sampun dhawuh :

يَآ أَيُّهَا الَّذِيْنَ آمَنُوْا اذْكُرُوا اللهَ ذِكْرًا كَثِيْرًا. وَسَبِّحُوْهُ بُكْرَةً وَّأَصِيْلًا (الاحزاب : ٤١-٤٢

Artosipun : He wong akeh kang podo iman, podo dzikiro marang Allah kelawan dzikir kang akeh. Lan podo mocoo tasbih ono ing wektu esok lan sore (QS. Al-Ahzab : 41-42)

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah !

Tiyang ingkang dipun paringi hidayah dening Allah swt.   arupi kerso ngathah-ngathahaken maos dzikir dumateng Panjenenganipun menika begjo sanget. Sebab  fadhilah ingkang bade dipun tampi punika kathah sanget, ing antawisipun  :

Sepindah : Manahipun ayem tentrem, boten gampang susah, boten gampang nesu lan boten gampang budrek. Kados ingkang sampun kadhawuhaken wonten Al-Quran   surat Ar-Ra’d : 28) :

الَّذِيْنَ آمَنُوْا وَتَطْمَئِنُّ قُلُوْبُهُمْ بِذِكْرِ اللهِ أَلَا بِذِكْرِ اللهِ تَطْمَئِنُّ الْقُلُوْبُ (الرعد : ٢٨

Artosipun : Yoiku wong akeh kang podo iman lan atine wong-wong mau podo adem ayem kelawan dzikrullah. Podo elingo yen kelawan dzikir marang Allah iku biso nentremne ati. (QS. Ar-Ra’d : 28)

Nomer kalih : Pikantuk pangapuro saking ngarso Dalem Allah swt. lan pikantuk ganjaran ingkang ageng. Allah sampun janji wonten ing Al-Quran lan Allah boten bade blenjani janji, kados kadhawuhaken :

وَالذَّاكِرِيْنَ اللهَ كَثِيْرًا وَّالذَّاكِرَاتِ أَعَدَّ اللهُ لَهُمْ مَّغْفِرَةً وَّأَجْرًا عَظِيْمًا (الاحزاب : ٣٥

Artosipun : Wong-wong lanang lan wong-wong wadon kang akeh  dzikire kelawan nyebut asmane Allah, Allah wus nyedhiyani kanggo wong-wong mau ampunan lan ganjaran kang gedhe. (QS. Al-Ahzab : 35)

Nomer tiga : Bade dipun lindungi lan dipun tulung  dening Allah wonten pundi kemawon selami piyambak-ipun maos dzikir. Wonten Hadits Qudsi Allah dhawuh :

اَنَا مَعَ عَبْدِى مَا ذَكَرَنِى وَتَحَرَّكَتْ بِيْ شَفَتَاهُ (رواه ابن ماجه وابن حبان

Artosipun : Ingsun Allah nyartani kawula Ingsun selagi kawula iku dzikir marang Ingsun lan lambene obah-obah mergo dzikir marang Ingsun. (HR. Ibnu Majah dan Ibnu Hiban)

Nomer 4 : Pikantuk rahmat saking ngarso dalem Allah swt., dipun lindungi Para Malaikat lan dipun puji Allah wonten ngajengipun majlis Para  Malaikat. Rasulullah saw. ngendika :

عَنْ اَبِى هُرَيْرَةَ وَاَبِى سَعِيْدٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُمَا اَنَّهُمَا شَهِدَا عَلَى رَسُوْلِ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ اَنَّهٗ قَالَ : لَا يَقْدُمُ قَوْمٌ يَذْكُرُوْنَ اللهَ اِلَّا حَفَّتْهُمُ الْمَلَآئِكَةُ وَغَشِيَتْهُمُ الرَّحْمَةُ وَنَزَلَتْ عَلَيْهِمُ السَّكِيْنَةَ وَذَكَرَهُمُ اللهُ فِيْمَنْ عِنَدَهٗ (اخرجه ابن ابى شيبة واحمد ومسلم وابن ماجه والبيهقى

Artosipun : Saking Abu Hurairah lan Abu Sa’id radhiyallhu ‘anhumaa, kekalihipun nyeksi-aken bilih Rasulullah saw. dhawuh : Ora ono suwijine kaum kang podo lungguh karo dzikir marang Allah kejobo kaum iku dikupengi para Malaikat, diparingi rahmat, diparingi ketentreman lan dipuji Allah ono ngarepe Majlis para Malaikat. (HR. Ibnu Abi Syaibah, Ahmad, Muslim, Ibnu Majah lan Baihaqi)

Nomer 5 : Saget nyelametaken saking sikso kubur. Dipun dhawuhaken wonten Hadits : Rasulullah saw. wonten setunggaling perjalanan dumadak-an Onta ingkang dipun tumpak-i mandek ketakutan. Shahabatipun nyuwun pirso : Wonten nopo duh Rasulullah ? Rasulullah jawab : Ono suwijine wong disikso ono kuburane. Mergo krungu jeritane Onta iki mandeg wedi. Rasulullah saw. dhawuh:

عَنْ مُعَاذِ بْنِ جَبَلٍ رَضِيَ اللهُ عَنْهُ قَالَ : قَالَ رَسُوْلُ اللهِ صَلَّى اللهُ عَلَيْهِ وَسَلَّمَ : مَا عَمِلَ اَدَمِيٌّ عَمَلًا اَنْجٰى لَهٗ مِنْ عَذَابِ الْقَبْرِ مِنْ ذِكْرِ اللهِ (رواه احمد )

Artosipun : Saking Mu’ad bin Jabal r.a. ngendika : Rasulullah saw. dhawuh : Amale menungso anak turune nabi Adam kang luweh nyelametake songko sikso kubur yoiku dzikrullah / dzikir marang Allah. (HR. Ahmad)

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah !

Mekaten hebatipun fadhilah dzikirullah utawi dzikir kanthi nyebut asmane Allah. Milo monggo kita yakini fadhilahipun dzikir, lajeng kita amalaken perintahipun Allah ingkang arupi dzikir kolowau, utaminipun ba’da shalat fardhu sampun ngantos boten dzikir. Menawi shalat jama’ah sampun ngantos matko lamcing (komat teko salam plencing, boten purun dzikir). Langkung-langkung ingkang yuswanipun sampun 40 (sekawan doso) tahun minggah, kedah langkung sregep anggenipun ngibadah, kalebet dzikrullah kolowau, sebab soyo celak kaliyan anggenipun bade sowan wonten ngarsanipun Allah swt.

Hadirin jama’ah jum’ah rahimakumullah !

Mekaten khutbah ingkang saget kawula aturaken, mugi-mugi Allah swt. paring hidayah lan paring semangat dumateng kita sami, sehinggo kita sami soyo meningkat anggenipun ngibadah, soyo meningkat anggenipun dzikir lan akhiripun saget wilujeng bahagia fiddunya wal-akhirah. Amin ya Rabbal ‘aalamiin.

بَارَكَ اللهُ لِيْ وَلَكُمْ فِى الْقُرْآنِ الْعَظِيْمِ، وَنَفَعَنِيْ وَإِيَّاكُمْ بِمَا فِيْهِ مِنَ اْلآيَاتِ وَالذِّكْرِ الْحَكِيْمِ. أَقُوْلُ قَوْلِيْ هٰذَا وَأَسْتَغْفِرُ اللهَ الْعَظِيْمَ لِيْ وَلَكُمْ وَلِسَائِرِ الْمُسْلِمِيْنَ وَالْمُسْلِمَاتِ فَاسْتَغْفِرُوْهُ إِنّهُ هُوَ الْغَفُوْرُ الرّحِيْمِ 

PENUSUN : DRS. H. AHMAD MUJIONO

Semoga cucu kami menjadi anak yang shalihah berguna bagi nusa dan bangsa


Tinggalkan komentar

Situs ini menggunakan Akismet untuk mengurangi spam. Pelajari bagaimana data komentar Anda diproses.